Beranda > B. Jawa > AJISAKA

AJISAKA

Kocap kacarita ing negara Medhangkamulan, ratune Prabu Dewatacengkar nyata raja sing kebak angkara murka. Ratu kang asor budine, jail methakil, dhemen gawe cilik atine kawulane. Prabu kang sura sekti iku gawe pranatan, saben kulawarga kudu setor pangan minangka tandha bekti marang Prabu Dewatacengkar. Kanthi cara giliran, kabeh padha tundhuk lan manut. Sebab padha wedi lan giris yen nganti kena ukum gantung. Apa sing kudu disetorake ? Ora liya salah siji kulawargane, sing paling gagah, enom lan santosa. Mula ora aneh, akeh para mudha taruna sing padha ngungsi sebab padha cilik atine, yen nganti kudu ditadhah karo ratune.

Panguripan ing Medhangkamulan dadi sengsara, kurang pangan, akeh rerusuh. Maling, rampog nambah sedhih nggrantes atine wong Medhangkamulan.

Ana nom-noman saka tanah Hindu aran Ajisaka angejawa. Tekan ing pulo Majeti dhawuh marang abdine kang aran Sembada supaya kari ing kono. “Sembada kowe karia ana ing kene. Reksanen pusakaku iki. Aja pisan-pisan kokwenehake sapa bae, yen ora aku dhewe sing nyuwun,” mengkono piwelinge marang si Sembada. Sabanjure nerusake laku menyang pulo Jawa karo si Dora.

Ajisaka tekan ing Medhangkamulan. Weruh kahanane negara ing Medhangkamulan sing mrihatinake iku  utusan si Dora kulak warta. Bareng wis ngerteni yen kabeh mau amarga Prabu Dewatacengkar, Ajisaka dadi kepengin adu arep karo sang Prabu Dewatacengkar. Yen wong liya padha sumingkir, Ajisaka malah kepengin kepethuk ratu sing wengis lan kejem mau.

Nalika semana Ajisaka ngliwati omahe Mbok Randha tuwa sing lagi nangis ngguguk. Bareng ditakoni jebul Mbok Randha mau nangisi nasibe. Anak-anake mati amarga disetorake. Bojone uga dipateni amarga nentang kersane Prabu Dewatacengkar. “Lha saiki apa sing koktangisi?” pitakone Ajisaka.

“Huu..hk, hk.. anak kula kantun setunggal. Lha kok sakniki mpun giliran setor malih.. huu.. ya’ napa niki, Den?” tangise saya ndadi karo nggandhuli klambine Ajisaka.

Akhire Ajisaka banjur nggenteni anak lanange Mbok Randha. Kabeh mau kanggo guna sarana bisane mlebu ing kraton, bisa adu arep karo ratu sing angkara murka mau.

Sadurunge didhahar, Ajisaka ditakoni njaluk apa sadurunge dimasak. Ajisaka mangsuli yen kepengin njaluk lemah sing ambane sadawane iket sing digawe. Muni ngono iku karo ngudhari ikete. Dewatacengkar ngguyu lakak-lakak, ngremehake. “Nanging, ingkang ngukur kedah Panjenengan piyambak,” ngono panjaluke Ajisaka.

Aneh banget. Prabu Dewatacengkar kang mundur-mundur ngukur dawane iket, jebul kaya ora ana enteke, ora ana watese. Nganti akhire, tekan ing sapinggire segara kidul. Ajisaka tanggap. Iket banjur dikebatake. Dewatacengkar  kecemplung segara. Sailange Dewatacengkar ana bajul putih sing sesumbar bakal males ukum marang Ajisaka lan marang sapa bae sing ora waspada nalika ing cedhak segara.

Ajisaka wusanane dadi ratu ing Medhangkamulan. Negara Medhangkamulan dadi makmur, rakyate urip ayem tentrem. Sing mau padha ngungsi wis padha bali, urip bebarengan mbangun negara Medhangkamulan. Amarga isih durung kagungan garwa mula ganti asma Prabu Jaka.

Prabu Jaka kelingan marang abdine si Sembada. Banjur utusan marang si Dora supaya nusul menyang pulo Majeti. Si Sembada wis luwar saka kuwajibane ngreksa pusaka. Si Dora diutus nusul kancane lan mundhut pusakane.

Dienteni nganti suwe lelorone durung bali ing kraton. Prabu Jaka ora kepenak penggalihe. Sakala banjur kelingan yen nate dhawuh sapa bae ora kena nyuwun pusakane yen ora Ajisaka dhewe. Prabu Jaka banjur prentah prajurit, ndherekake tindake menyang pulo Majeti.  Tekan ing pulo Majeti sedhih banget sang Prabu Jaka. Sebab tinemu leloro abdine wis kari kunarpa. Saya sedhih maneh sebab matine abdi Dora Sembada mau krana pusakane.

Kanggo pangeling-eling Sang Prabu banjur gawe carakan wujude Ha Na Ca Ra Ka, Da Ta Sa Wa La, Pa Dha Ja Ya Nya, Ma Ga Ba Tha Nga. Tegese ana utusan, padha ora bisa selake – padha setyane, padha sektine, dadi padha nemoni patine.

Saka dedongengan mau akeh sing padha percaya yen prastawa mau dadi asal-usul muncule aksara Jawa, sing dadi salah siji mutyara ing kabudayan Jawa. Apa sebabe mengkono? Sebab akeh basa ing donya iki, nanging ora kabeh bangsa mau nduweni aksara kaya basa Jawa. Mulane para siswa kudu tansah nguri-uri lan nyinau anane Aksara Jawa mau.

(Kondhang Basa 7a, 2009 : 7 – 9)

Kategori:B. Jawa
  1. Belum ada komentar.
  1. No trackbacks yet.

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s

%d blogger menyukai ini: